Komisi Pemilihan Umum

Logo KPU

Komisi Pemilihan Umum (KPU) iku lembaga sing nyelenggarakaké pilihan umum ing Indonésia, yaiku Pilihan umum Anggota DPR/DPD/DPRD, Pilihan umum Présidhèn lan Wakil Présidhèn, sarta Pilihan umum Kepala Laladan lan Wakil Kepala Laladan.

Sadurungé Pemilu 2004, KPU bisa dumadi saka anggota-anggota sing dadi anggota parté pulitik, nanging sawisé diwetokaké UU No. 4/2000 taun 2000, anggota KPU kudu non-partisan.

Ketua KPU periode 2007-2012 yaiku Prof. Dr. Abdul Hafiz Anshari A.Z, M.A.

Ing wiwitan 2005, KPU didakwa korupsi déning sawatara anggotané, kalebu ketua KPU periode mau, Nazaruddin Sjamsuddin.


© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search